Piwulang nem prakawis kasebut ing Serat Agutara Nikaya punika nyimpen
wewados ingkang kadhapur kalimpadaning basa ingkang pikajenganipun
asung piwulang dhateng kita, yen sadaya pandamel punika sayogi
katindhakna kanthi papadhanging angen-angen. Menggah piwulang kalawau
badhe kawedharaken kados ing ngandhap punika:
1. Aja ngandel pituturing wong. Menggah pikajenganipun kita sampun
ngandel dhateng pituturing tiyang ingkang boten kaseksen tuwin ingkang
boten miturut dhateng gumela ring akal sarta ingkang boten saged
kaseksen dening papadhanging nalar.
2. Aja ngandel marang wirayat kuna amarga saka lawase. Pikajenganipun
tembung lawas = luwas = lawas = suwe = tebih = memet = lebet. Artosipun
punika sagedipun kita ngandel, inggih manawi kita sampun saged njajagi
maksudipun wirayat wau.
3. Aja ngandel pawarta amarga akeh kang ngandhaake. Pikajenganipun
sampun ngantos ngandel dhateng pawartosipun tiyang ingkang sampun
misuwur, cidra, sanadyan maneka warni kasagahanipun prayogi boten
kapaelu.
4. Aja ngandel thok waton layang karangane wong wicaksana ing jaman kina.
5. Pikajenganipun sampun ngantos ngandel kemawon dhateng sadaya
serat-serat kina. Awit serat-serat wau upami mungela abrit saged ugi
maksudipun cemeng. Inggih serat makaten punika ingkang kedah kita
jinggleng maksud suraosipun. Sadaya serat piwulang punika sami dinapur
pralampita , dene badharing pralampita wau muhung saking pangertosan
kita pribadi.
6. Aja ngandel waton saka kira-kira. Wus matuh lawas koanggep bener.
7. Pikajenganipun sakathahing pandamel punika esahipun manawi sampun
wonten cihnanipun. Kita prayogi manuta lan anglenggahana kawontenaning
jaman ingkang saweg dipun alami. Sanadyan kaanggep sae, luhur tuwin
mulya tumrap ing jaman ingkang sampun kapengker, ananging yen ing
samangke sampun boten njamani, inggih kedah kaberat ingkang rila. Awit
yen boten makaten, tangeh sagedipun kita manggih karaharjan lan
kamulyan.
8. Aja ngandel marang gurumu lan para pandhita amarga saka
panguasane. Pikajenganipun mrayitnani dhateng pratingkahing para ingkang
ngaken dados guru ingkang sami papacak; kudu manut miturut lan kudu
asih tresna marang gurumu lan marang pandhuwuranmu sabab kadhudhuwuranmu
iku dadi wakile Kang Maha Kuwasa. Lha inggih makaten wau manawi boten
kita prayitnani, temah saged ugi dhumawah ing kasangsaran. Dene
sanyatanipun ingkang wajib asih tresna punika ratu tumrap ing kawula,
bapa biyung tumrap ing anak, guru tumrap murid. Yen sanyata asih trus
ing lahir batos sampun tamtu kawula sami amangsul sih katresnan ingkang
boten mawi pinarentah.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar